Ikrar Syawalan Bersama, Terbaru Tahun 2023

Ikrar Syawalan berikut dapat digunakan dalam acara syawalan di keluarga, jamaah maupun di masyarakat secara umum.

 


(dibaca bersama-sama, sambil berdiri)

 

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

 

Kepareng matur, dumateng Bapak/ Ibu lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti- mugi katur ing ngarsa panjenengan sedaya.

 

Dumateng bapak/ibu sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim- mugi katur ugi ing ngarsa penjenengan.


 Baca Juga : Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa


Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, --taqabalallahu minna wa minkum- minal aidzin wal faidzin-. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan. Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing batos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten --mugiya panjenengan sedaya paring pangapunten dumateng kula.

 

Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi-mugi Gusti Alloh ngabulaken sedaya panyuwun kita.

Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

LihatTutupKomentar