-->

Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa

Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa. Setiap Hari Raya Idul Fitri, selain tradisi mudik yang dilakukan sebagian masyarakat Indonesia ada tradisi lain yang tidak kalah unik yaitu syawalan atau halal bi halal. Inti dari kegiatan ini adalah saling meminta maaf atas kesalahan yang pernah dilakukan.

Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa
Shalat Idul Fitri

Syawalan biasanya dilakukan oleh suatu komunitas seperti warga satu kampung, satu RT atau satu komplek perumahan. Bisa juga syawalan sekaligus reuni teman-teman satu angkatan di sekolah. Tetapi seringkali syawalan dilakukan karena ikatan kekeluargaan atau trah.

Pada kegiatan ini ada tradisi untuk ikrar, menyampaikan permohonan maaf secara lisan yang diwakili satu orang. Pada masyarakat Jawa, ikrar semacam ini masih banyak yang menggunakan Bahasa Jawa.

Berikut adalah contoh ikrar syaralan dalam Bahasa Jawa:

Assalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Sedaya puji lan syukur kunjuk wonten ing Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampung paring katah kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ing titi wanci punika kita taksih saged nindakaken shalat Idul Fitri 1441 Hijriyah kanthi berjamaah.

Sholawat saha salam mugi tansah Allah tetepaken dumateng Rosulullah Muhammad Shalallahu ‘ailaihi wa salam, para keluarga, para sahabat, lan penderekipun ingkang tansah mituhu ajaranipun.

Ibu/Bapak ingkang kula hormati, keparenga kula ing mriki ngadeg marak sowan ing ngarsa panjenengan sami, ingkang supados nderaken panjenengan sedoyo ngaturaken ikrar halal-bihalal wonten ing wekdal punika.

Samangkeh kula ingkang matur panjenengan sedaya kula suwun kersa anniroaken. Kita awiti kanthi waosan basmalan sesarengan, kula derekaken.

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.


Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.

Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan. Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula.

Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya.
Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama.

Wabilahittaufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Dokumen dalam bentuk PDF bisa dilihat di sini: 


Untuk Download Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa silakan klik: Download


Demikian contoh ikrar halal bihalal atau ikrar syawalan dalam Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.

LihatTutupKomentar